Jumat, 17 Januari 2020

GEGURITAN

        Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gayo bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane 
   
       Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
a. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni.
b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa                    lambang.
d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite,
e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.                   
        Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).

Apa Bedane 
dening Sudi Yatmono 

Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati
apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune 
bedane apa bumbune karo sing dibumboni 
bedane rak mung ana ing wadhah

apa bedane wadhah karo sing diwadhahi 
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa 

Iha apa bedane manungsa karo kewan 
ah iku urusane Pangeran 
(Mbangun Tuwuh, angka 138) 

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan 

           Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan. 

c. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan 
           Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene. 
a. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan                                sapanunggale. 
b. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik. 
c. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale). 
d. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.






sumber : gegarannyinaubasajawa3kelasXIIsma/smk/ma

BUDAYA WEWALER

            Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning kan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku,

Gugon tuhon 

1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng        yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala,        kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala. Sing kalebu bocah sukreta yaiku:
2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh                        nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.
3. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal                amarga  nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.
         
          Budaya Jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kulawarga, lan kadonyan.


Pituduh

           Mungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing            ngisor
1. Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa
2. Pituduh kang magepokan karo rohani
3. Pituduh magepokan karo kamanungsan
4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
5. Pituduh kang magepokan karo kulawarga
6. Pituduh kang magepokan karo kadonyan


Wewaler 

        Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan Jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing                ngisor iki.
1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip.
2. Wewaler kang magepokan karo rohani
3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
5. Wewaler kang magepokan karo kulawarga
6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan



sumber : gegarannyinaubasajawa3kelasXIIsma/smk/ma

TEKS WAYANG

A. Maca lan nanggapi teks wayang 

  Gatekna pethilan teks wayang ngisor iki!
                              Dewi Kunthi 
                Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.
                             Shinta Kadhusta 
               Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.                   Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

 B. Nemokake tuntunan ing teks wayang
             
               Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nengenake paseduluran.
               Dene tuntunan ing teks wayang Sinta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemi janji, sarta setya.

C. Mbedhah perangane teks wayang
         
             Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asih lan tresna, semana uga wateg paraga              Sinta.

D. Nulis Sinopsis Wayang Urut-urutane nulis sinopsis 

1. Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis.
2. Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigati/penting.
3. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan sing wis dicathet mau, banjur tulisen nganggo ukara      kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline.
4. Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
5. Ringkesan/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.




sumber : gegarannyinaubasajawa1kelasXsma/smk/ma

CRITA RAKYAT

A. Crita rakyat
                  Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.
                  Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ng sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.
                  Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kapisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.

-Titikane crita rakyat 
a. Panyebarane kanthi lesan
b. Duweni sipat tradhisional
c. Sugih cakrik lan variasi
d. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)      e. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane

Mupangate crita rakyat yaiku:

a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang      ana ing sajroning crita.
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa              mangerteni moral kang apik lan elek.
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para          kang maca.

Unsur Crita Rakyat 

Crita rakyat nduweni unsur-unsur intrinsik, kayata:
a. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
b. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan        panggonan lan sosial budaya.
c. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri              isike,  lingkungane, lan sapanunggale.
d. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
f. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale.
    Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.

Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha, lan dongeng

a. Mitos
            Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.

b. Legendha
           Legendha  yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawan Sikidang, Sumur jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.

c. Dongeng
           Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.


B. Sinopsis 
         Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
a. Tema     : gagasan pokok, pokok crita
b. Latar     : papan lan wektu dumadine prastawa
c. Alur       : lakuning crita
d. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.


sumber: gegarannyinaubasajawa2kelasXIsma/smk/ma

NJAGA TENTREMING URIP BEBRAYAN


A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan perangane 
             
               Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan perangan kang mbangun wutuhe crita ku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alar/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan papan kedadeane crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat).
                Jlentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake. Kayata: sabar, wicaksana, galak, judhes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita: alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi). Point of view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utama ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ('dheweke ing crita). Setting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kelakone. Dene amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita iku.

B. Nemokake tuntunan kang ana jroning teks novel lan njumbuhake karo kahanane bebrayan 
             
              Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggale.

C. Nulis sinopsis novel nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan                   pranatan / aturan
         
              Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu novel. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo urutan lan basa ing novel sumbere. Bakune, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (inti) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.

D. Naliti sinopsis novel gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranatan 

              Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiyatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, runtute ukara, utawa tandha wacane. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, perangan kang kurang ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora prelu dibenerake, amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas). Kamardikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.





sumber:gagarannyinaubasajawakelasXIsma/smk/ma