A. Maca lan nanggapi teks wayang
Gatekna pethilan teks wayang ngisor iki!
Dewi Kunthi
Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.
Shinta Kadhusta
Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari. Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
B. Nemokake tuntunan ing teks wayang
Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nengenake paseduluran.
Dene tuntunan ing teks wayang Sinta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemi janji, sarta setya.
C. Mbedhah perangane teks wayang
Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asih lan tresna, semana uga wateg paraga Sinta.
D. Nulis Sinopsis Wayang Urut-urutane nulis sinopsis
1. Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis.
2. Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigati/penting.
3. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan sing wis dicathet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline.
4. Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
5. Ringkesan/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.
sumber : gegarannyinaubasajawa1kelasXsma/smk/ma
Sangat membantu untuk menyelesaikan PR Bahasa Indonesia
BalasHapusSip
BalasHapusGood
BalasHapusSiip
BalasHapusBagus materinya kak
BalasHapusNice kakak
BalasHapus😍😍😍
BalasHapus👍👍👍
BalasHapusMantap kali
BalasHapusSiip
BalasHapusSiip
BalasHapusmembantus sekali
BalasHapusNtaps
BalasHapus