A. Crita rakyat
Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.
Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ng sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.
Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kapisan, lan karya cipta manungsa, nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.
-Titikane crita rakyat
a. Panyebarane kanthi lesan
b. Duweni sipat tradhisional
c. Sugih cakrik lan variasi
d. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit) e. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane
Mupangate crita rakyat yaiku:
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
Unsur Crita Rakyat
Crita rakyat nduweni unsur-unsur intrinsik, kayata:
a. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
b. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya.
c. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri isike, lingkungane, lan sapanunggale.
d. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
f. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale.
Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.
Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha, lan dongeng
a. Mitos
Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
b. Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawan Sikidang, Sumur jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
c. Dongeng
Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.
B. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
a. Tema : gagasan pokok, pokok crita
b. Latar : papan lan wektu dumadine prastawa
c. Alur : lakuning crita
d. Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.
sumber: gegarannyinaubasajawa2kelasXIsma/smk/ma
Good
BalasHapusMantap sekali
BalasHapus👍👍👍
BalasHapusBagus materinya kak 😂
BalasHapusSemoga bermafaat ya kak
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus😊😊😊😊
BalasHapusMantab slur
BalasHapusMantap kali
BalasHapusMantull
BalasHapusSiip lah
BalasHapusbaguss
BalasHapusvery helpful
BalasHapusNtaps
BalasHapus