Jumat, 17 Januari 2020

GEGURITAN

        Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gayo bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane 
   
       Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
a. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni.
b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa                    lambang.
d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite,
e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.                   
        Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).

Apa Bedane 
dening Sudi Yatmono 

Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati
apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune 
bedane apa bumbune karo sing dibumboni 
bedane rak mung ana ing wadhah

apa bedane wadhah karo sing diwadhahi 
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa 

Iha apa bedane manungsa karo kewan 
ah iku urusane Pangeran 
(Mbangun Tuwuh, angka 138) 

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan 

           Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan. 

c. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan 
           Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene. 
a. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan                                sapanunggale. 
b. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik. 
c. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale). 
d. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.






sumber : gegarannyinaubasajawa3kelasXIIsma/smk/ma

17 komentar: